Apa panjaluke Roro Jonggrang marang Prabu Bandung Bondowoso?
Roro Jonggrang gelem dadi garwa prameswari nanging ana syarate gawekno candi cacahe sewu sajroning sewengi. Prabu Bandung Bondowoso nyaguhi apa kang dadi panjaluke Roro Jonggrang. Sawuse angslup srengenge, Prabu Bandung Bondowoso nglumpukake bangsa jin kang dadi pendhereke. Prabu Bandung Bondowoso paring prentah supaya para jin iku gawe sewu candi sajroning sewengi.
⇄
Tengah wengi para jin wis meh rampung anggone gawe 1.000 candi. Roro Jonggrang ora lilo menowo Bandung Bondowoso kasil anggone gawe candi. Roro Jonggrang banjur paring prentah marang pendhereke supaya ngobong dami lan ngunekake lesung.
Krungu swarane lesung lan semburating warna abang, akeh pitik kang pada tangi banjur pada kluruk. Para jin kang lagi mbangun candi kaget lan krasa wedi. Para jin mau pada mlayu ninggalake penggaweane mergo rumangsa yen dino uwis esok lan srengenge uwis arep njedul. Wusanane candi ora sido dadi 1.000, nanging iseh kurang siji.