Apa Tegese Geguritan
Geguritan yaiku jinis kaya sastra Jawa kayadene puisi sing ditulis kanthi padhet lan nggatekake unsur kaendahan tembung. Geguritan uga diarani puisi Jawa modern. Miturut Padmosoekotjo (1960 : 19), geguritan asale saka tembung lingga gurit sing nduweni teges kidung utawa tembang. Geguritan dawane paling sethithik patang gatra.
Jaman nalika nulis puisi, para penyair Jawa tansah migunakake tembung "sun gegurit" nalika miwiti syaire. Mulane, syair sing wujude kayadene puisi iki banjur diarani geguritan. Nanging, jaman saiki nulis geguritan wis migunakake aturan sing luwih luwes lan bebas, ora kudu diwiwiti nganggo tembung "sun gegurit".