-->
Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Apa Tegese Hiking Iku Ta?

Hiking sawijining olahraga lumaku dharat. Ing jaman modheren saiki, akeh wong sing padha wegah lumaku sing rada adoh. Mangkat sekolah wae kudu numpak tetumpakan. Luwih-luwih wong-wong sing ana ing kutha gedhe. Mula hiking kena kanggo sarana neter kekuwataning awak. Hiking kena kanggo gladhen lair lan bathin amrih ora gampang nglokro.