Apa wae kang dadi cirine pagelaran kethoprak?

Sing dadi ciri pagelaran kethoprak yaiku; para nayaga/juru main, tukang tabuh gamelan, lan ageman kang dadi tetenger kethoprak. Dialog kang ana ing pagelaran kethoprak biyasane nganggo tembang. Tembang bisa minangka dadi pangiring adegan, dialog, monolog utawa dadi narasi. Gamelan kanggo ngiringi tembang, adegan, ilustrasi swasana crita, kang mbedakake adegan siji lan sijine.