Apa wae tujuane wacana deskripsi!
Wacana deskripsi duweni tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake. Tegese pengalaman kang bisa ditonton, dirasakake, dirungokake, dialami migunakake panca indra. Bab kang bisa digambarake, kayata kaendahan alam, kahanan jasmani, watak, lan liya-liyane.