Jenenge Panggonan Umum Lan Gunane

Panggonan umum iku papan kang digunakake wong akeh. Sing klebu panggonan umum, yaiku:
Panggonan Gunane
1. Alas Panggonane macem-macem kewan, wit-witan.
2.Alun-alunPelataran kang amba ing tengahing kutha.
3.BalapanPanggonane kanggo adu balap.
4. Bangsal Panggonan kanggo pasamuwan.
5. BetengTembok gedhe dhuwur kanggo nahan mungsuh.
6. Bong Kuburane cina.
7. BothekanWadhae jambu utawa bumbu masak.
8. Bubat Panggonan kanggo adu samubarang.
9. CangkrukPanggonan kanggo jaga kampung.
10. EndhongWadhah panah.
11. Epok Wadhah kinang.
12.Gayor Kanggo nyenthelake gong
13. Gedhongan Panggonan kanggo jaga tanduran.
14. GedhongOmah gedhe kanggo pasamuwan.
15.GerdhuPanggonan kanggo jaga.
16.GrejaPanggonan sembahyang wong kristen.
17. GrobogKothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang.
18. GubugPanggonan kanggo nyimpen barang.
19. Gupit mandraginiKanggo serene raja ratu.
20.HotelOmah sewan kanggo nginep.
21.IyanWadah kanggo ngeler sega.
22.JunWadhah kanggo ngangsu banyu.
23.JodhangGrobog sing dipikul isine werna-werna panganan.
24. Jumbleng Kakus kanggo bebuwang kotoran.
25.KabupatenDaleme bupati pemerintah daerah.
26. KadhatonDaleme ratu.
27.KlentengPanggonan sembahyang wong cina.
28. Klenthing Wadhah kanggo golek banyu.
29.KuburanPanggonan kanggo ngubur wong mati.
30. LemariPanggonan kanggo nyimpen barang/sandangan.
31.LumbungPanggonan kanggo nyimpen pari.
32.MesjidPanggonan sembahyang wong islam.
33. MenaraPanggonan sing dhuwur kanggo pepeling.
34. PadasanKanggo wudhu.
35.PadaringanWadhah kanggo nyimpen beras.
36.  PagaKanggo nyimpen bekakas pawon.
37.PaponWadah apu.
38. PadhepokanPapan pamulangan, patapan, omahe pandhita.
39. PaestrenSawah sapinggire kali
40.PendhapaPerangan omah ngarep kanggo pasamuwan.
41.PesantrenPapan kanggo mulang muruk para santri.
42.PasarPapan kanggo dodolan lan tetukon barang.
43.PagaganLemah sing ditanduri pari gaga.
44.PagajihLemah sing dumadi saka walede kali.
45. PaidonWadhah idu.
46.PakunjaranPanggonan kanggo ngunjara hukum wong luput.
47. PamulanganPapan kanggo mulang muruk
48. PanepenPapan kanggo semedi.
49.PantisariOmah cilik ing tengah sapetaman.
50.PaponWadhah enjet.
51. PasanggrahanPapan palereman.
52.PawonPerangane omah sing kanggo olah-olah.
53.RanggonGubuk ing alas kanggo leren.
54.SanggarPapan kanggo latihan.
55.SekolahanPapan kanggo sinau, mulang muruk.
56.SetasiunPapan kanggo mandhege sepur.
57.Rumah sakitPapan kanggo ngrumat wong lara.
58.WarungPapan kanggo dodolan panganan.
59. WiharaPanggonan sembahyang umat budha.
60.WrangkaKayu wadhah keris.
61.Terminalpapan akeh kendharaan kang ngunggahake lan ngudhunake penumpang.
62.Kantor pospapan akeh wong padha tuku prangko, njupuk lan kirim dhuwit, kirim barang, lan uga ana sing njupuk pensiunan.
63.Bandarapapan akeh pesawat kang ngunggahake lan ngudhunake penumpang
64.Pelabuhanpapan akeh kapal laut kang ngunggahake lan ngudhunake penumpang.
65.BankPapan kanggo utang lan nyimpen duwit.
Nggunakake panggonan umum ana aturan, ora kena sakarepe dhewe. Aturan iku dijenengake tata tertib.