Arane Jenenge Wong
1. Jaka : bocah lanang kang wis diwasa (durung rabi).
2. Jaka jebug : jaka sing wis tuwo.
3. Prawan : bocah wadon kang wis diwasa (durung omah-omah).
4. Prawan gendor : prawan sing wis kliwat ing mangsa (kasep).
5. Prawan sunthi : prawan cilik (prawan kencur).
6. Randha : wong wadon sing wis ora duwe bojo.
7. Randha tanggung : randha sing isih enom.
8. Wulanjar : randha sing isih enom durung duwe anak.
9. Randha kisi : randha sing duwe anak lanang.
10. Randha kasihan : randha mlarat sing akeh anake.
11. Randha keringan = randha sing sugih.
12. Randha menter = randha kang panggonane sarwa apik.
13. Dhudha = wong lanang sing wis ora duwe bojo.
14. Dhudha kembang = dhudha enom sing durung duwe anak.
15. Dhudha kawuk = dhudha wis tuwa.
16. Dhudha bangsong = dhudha mlarat sing sugih anak.
17. Dhudha kalung = dhudha sing duwe anak wadon sing bisa ngopeni.
18. Kaki nini = wong lanang wadon sing wis tuwa banget.
19. Nyai, nyi = wong wadon kang diajeni.