Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Arane Sebutane Bocah

1. Ontang-anting = anak siji lanang.
2. Unting-unting = anak siji wadon.
3. Uger-uger lawang = anak loro lanang kabeh.
4. Kembang sepasang = anak loro wadon kabeh.
5. Cukit dulit = anak telu lanang kabeh.
6. Gotong mayit = anak telu wadon kabeh.
7. Saramba = anak papat lanang kabeh.
8. Sarimpi = anak papat wadon kabeh.
9. Pandhawa = anak limo lanang kabeh.
10. Pancagati = anak limo wadon kabeh.
11. Kendhana-kendhini = anak loro lanang wadon.
12. Kendhini-kendhana = anak loro wadon lanang.
13. Sendhang kapit pancuran = anak telu, lanang - wadon - lanang.
14. Pancuran kapit sendhang = anak telu, wadon - lanang - wadon.
15. Keblat papat = anak papat lanang wadon.
16. Sepasar = anak limo lanang wadon.
17. Padangan = anak limo wadon siji.
18. Ipil-ipil = anak limo lanang siji.
19. Pandhawa nyandhangi = anak enem wadon siji wuragil.
20. Kembar = anak loro lair bareng.
21. Kembar gantung = bocah kembar laire let sedina.
22. Dhampit = anak loro lanang wadon laire  bareng.
23. Gilir kacang = anak akeh giliran lanang wadon.
24. Lumpat kidang = anak akeh ora giliran lanang wadon.
25. Gendhong = anak wadon akeh sing tengah lanang.
26. Pathok = anak lanang akeh sing tengah wadon.
27. Grandhel = anak lanang pirang-pirang, sing wuragil wadon. Utawa anak wadon pirang-pirang, sing wuragil lanang.
28. Sumarak = anak akeh sing lanang luwih akeh.
29. Anggana = anak akeh sing urip garis sji.
30. Cemani = anak ireng mulus.
31. Wungle, bule = anak putih mulus.
32. Gondhang kasih = anak loro beda pakulitane, ono sing ireng ono sing putih.
33. Pambarep = anak sing nomer siji.
34. Panggulu = anak sing nomer loro.
35. Pandhadha = anak sing nomer telu.
36. Sumendhi = kakang wuragil.
37. Wuragil, wuruju = anak sing keri dhewe.
38. Panenggak = anak nomer loro seko lima cacahe anak.
39. Panengah = anak nomer telu seko lima cacahe anak.
40. Lola = bocah sing ditinggal wong tuwa mati.
41. Yatim = bocah lair wis ora menangi bapake.
42. Konduran = bocah lair slamet nanging ibune seda.
43. Sumala = bocah sing cacat wiwit lair.
44. Thok thing = bocah sing lair kanthi sirah cilik.
45. Julung kembang = bocah sing lahir nalika srengenge mlethek.
46. Julung sungsang = bocah sing lahir nalika bedug awan.
47. Julung sarab/surup = bocah sing lahir nalika ngarepake surup.
48. Julung caplok = bocah sing lahir nalika surup.
49. Margana = bocah sing lahir nalika ibune lelungan.
50. Jempina = bocah sing lahir durung wayahe.
51. Tiba sampir = bocah sing lahir kalung usus.
52. Tiba ungker = bocah sing lahir ususe ngebuled gulu.
53. Wungkul = bocah sing lahir tanpa ari-ari.