Arane Watak Wong Utawa Bocah

1. Adigang = ngandelake kekuwatane.
2. Adigang = ngandelake keluhurane.
3. Adiguna = ngandelake kapinterane.
4. Ambekdarma = seneng tetulung, welasan.
5. Ambekpati = ora wedi pati.
6. Ambeksiya = seneng aniaya.
7. Ambeksura = kendel banget.
8. Ambekwani = kendel banget.
9. Alim = pinter tur anteng.
10. Anteng = meneng ora akeh gunem.
11. Andhap asor = ora gumedhe, ora umuk.
12. Bandel = ora cingeng, ora gembeng.
13. Beres = ora duwe niyat ala utawa goroh.
14. Bencirih = gampang kena ing lelara.
15. Berbudi = seneng weweh, loma.
16. Blater = pinter sesrawungan.
17. Mblubud = nekat ora duwe isin.
18. Brangasan = gampang nesu.
19. Mbrekunung = nggungu karepe dhewe.
20. Cendhala = ala kelakuane.
21. Centhil = emoh weweh/medhit.
22. Climut = dhemen nyenyolong.
23. Clingus = isinan.
24. Cluthak = seneng mangan apa-apa.
25. Cubluk = bodho.
26. Culika = demen ngapusi.
27. Cugetan = mutungan.
28. Ndableg = ora ngrewes ing pitutur.
29. Dahwen = seneng nacad.
30. Daksiya = seneng mara tangan.
31. Delap = seneng aniaya.
32. Ndhendheng = angel dituturi.
33. Drengki = meri marang kabagjane liyan.
34. Ndhugal = kurang ajar.
35. Gathekan = gampang ngerti, lantip.
36. Gembeng = gampang nangisan.
37. Geleman = manutan, gampang gelem.
38. Gemi = pinter ngirit, nganggone.
39. Getapan = gampang kagel,
40. Nggragas = seneng memangan sing kurang patut.
41. Jail = seneng gawe usil.
42. Jirih = ora kendel, weden.
43. Julig = pinter nindakake ala.
44. Kemproh = ora resikan.
45. Kendel = duwe kewanen.
46. Kesed = ora doyan gawe.
47. Kethul = ora gampang ngerti.
48. Loma = seneng weweh.
49. Lonjo = guneme sak wiyah-wiyah.
50. Lugu = kaya apa anane.
51. Melikan = gampang tuwuh rasa nduweni.
52. Mentah = ora duwe rasa welas.
53. Meren = gampang meri.
54. Mopo = ora gelem nglakoni.
55. Murka = kumudu-kudu tanpa akeh dhewe.
56. Muthakil = sugih akal kanggo unthunge dhewe.
57. Ngebreh = boros.
58. Panasten = seneng manasi liyane marga meri.
59. Parawadulan = seneng wadul.
60. Prasaja = beres.
61. Sabar = ora gampang nesu.
62. Saen = ora isinan.
63. Satiti = sarwa ngati-ati.
64. Slingkuh = ora beres.
65. Srakah = kumudu-kudu oleh akeh dhewe.
66. Srei = kumudu-kudu njaluk menang.
67. Sumanak = rumaket ing pamitran.
68. Semelangan = gampang sumelangan.
69. Sumungah = seneng umuk.
70. Taberi = sregep serta tlaten.
71. Takad = kuwat nahan lara.
72. Tambeng = manut karepe dhewe.
73. Tegelan = ora duwe rasa rikuh, mentalan.
74. Temen = ora dhemen goroh.
75. Tumbak = seneng wadul cucukan.
76. Ugal-ugalan = kurang ajar.
77. Ugungan = dituruti sapanjalukane.
78. Umpakan = seneng dialem.
79. Wangkal = ora nurutan.
80. Wasis = pinter.
81. Wekel = sregep serta tememen.