-->
Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Arane Nakula Sadewa Nalika Isih Cilik

Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Bathara Aswi, dewane tabib.

Sadewa nalika cilik jenenge Tangsen. Tangsen iku jenenge wit-witan kang godhonge bisa digawe obat. Satriya iki tinitisan Bathara Aswin, dewane tabib kang kembad karo Bathara Aswi.