Bab Sing Kudu Digatekake Nyritakake Teks Legenda

Kajaba nyritakake kanthi tulisan, kowe uga kudu bisa nyritakake kanthi lisan, yaiku kanthi maju nyritakake isi legenda ing ngarep kelas. Bab sing kudu digatekake yaiku:
1. Swara kudu seru supaya guru lan kanca-kanca bisa ngrungokake kanthi cetha.
2. Penjiwaan marang isi crita.
3. Kedal utawa pengucapan lan intonasi kudu trep.
4. Isi crita kudu komplit, ora kena dikurangi.