Bab Sing Prelu Ditindakake Nulis Karangan Dheskripsi
Bab-bab kang prelu ditindakake supaya bisa nulis karangan dheskripsi, yaiku
- nemtokake bab kang arep ditulis,
- nglumpukake katrangan kanthi njingglengi bab kang arep ditulis,
- nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih,
- nulis kasile nji gglengi mau kanthi urut, cetha, urip lan nggunakake tembung-tembung kang trep,
- sarta naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan kang becik.