Bahan Baku Kanggo Seni Tatah Sungging

Seni tatah sungging merlokake bahan baku. Bahan baku kanggo praktek seni tatah bisa kagolong rong warna.
  • Kanggo latihan wujud karton, 
  • Tahap lanjutan nggunakake lulang kewan.
Lulang kewan sing apik kanggo seni tatah sungging yaiku lulang wedhus kanggo hiasan, lulang sapi kanggo hiasan lan wayang, sarta lulang kebo kanggo wayang.

Dene bahan kanggo nyungging yaiku ancur/lem lan pewarna/sumba.