Bedane Paribasan, Bebasan lan Saloka

Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ora kena ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
• Jer basuki mawa bea, tegese kabeh gegayuhan iku mesthi ana ragade utawa ana biayane/pengorbanan.

Bebasan yaiku unen-unen gumathok, ngemu surasa pepindhan sing dipindhanake solah bawa (sikap).
Tuladha:
• Njagakake endhoge si blorok, tegese nunggu/ngarep-ngarepake samubarang sing durung mesthi.

Saloka yaiku unen-unen gumathok sing dipindanake wonge.
Tuladha:
• Tumbu oleh tutup, tegese wong kakancan sing cocok banget.