Candrane Alam utawa Mangsa
1. Mangsa kasa : Sotya murca saking embanan
Tundhane : kekayon padha brindhil, gegodhongan padha gogrog.
(22 Juni - 1 Agustus = 41 dina)
2. Mangsa karo : Bantala rengka
Tundhane : lemah padha nela
(2 Agustus - 24 Agustus = 23 dina)
3. Mangsa katelu ; Suta Manut ing bapa
Tundhane : lung-lungan padha mrambat ing lanjarane, uwi gadhung lsp.
(25 Agustus - 17 September = 24 dina)
4. Mangsa kapat : Waspa kumembeng jroning kalbu
Tundhane : sumber padha pepet
(18 September - 12 Oktober = 24 dina)
5. Mangsa kalima : Pancuran emas sumawur ing jagad raya
Tundhane : wiwit ana udan
(13 Oktober - 8 November = 27 dina)
6. Mangsa kanem : Rasa mulya kasucian
Tundhane : woh-wohan padha nedheng-nedhenge mateng
(9 November - 21 Desember = 42 dina)
7. Mangsa kapitu : Wisa kentir ing maruta
Tundhane : akeh lelara, udan deres nggrejeh.
(22 Desember - 2 Pebruari = 43 dina)
8. Mangsa kawolu : Anjrah jroning kayun
Tundhane : kucing padha gandhik.
(3 Pebruari - 28/29 Pebruari = 26/27 dina)
9. Mangsa kasanga : Wedharing wacana mulya
Tundhane : Gangsir padha ngenthir, gareng padha ngereng.
(1 Maret - 25 Maret = 25 dina)
10. Mangsa kasepuluh : Gedhong minep jroning kalbu
Tundhane : Kewan padha meteng.
(26 Maret - 18 April = 24 dina)
11. Mangsa Dhestha : Sotya sinarawedi
Tundhane : Manuk padha ngloloh
(19 April - 11 Mei = 23 dina)
12. Mangsa Sadha : Mangsa bedhidhing/adhem
(12 Mei - 12 Juni = 41 dina)