Candrane Perangane Awak Manungsa

Panyandra iku tetembungan utawa ukara kang wis gumathok, kanggo nyandra kahanane alam, satriya, ratu, perangane awak, solah bawa Isp. Kang lumrahe awujud pepindhan.
  1. Alise nanggal sepisan tegese 
  2. Astane nggendhewa gadhing.
  3. Bangkekane nawon kemit.
  4. Bathuke nyela cendhani.
  5. Bokonge manjang ilang.
  6. Cahyane sumunar.
  7. Drijine mucuk eri.
  8. Godheke simbar rumembun.
  9. Gulune angelung gadhung.
  10. Gulune ngolan-olan.
  11. Idepe tumengeng lawang.
  12. Irunge ngundhup mlathi.
  13. Irunge kencana pinatar.
  14. Kempole ngembang pudhak.
  15. Kempole nyuthang walang.
  16. Lakune kaya macan luwe.
  17. Lambene nggula sathemlik.
  18. Lambene nyigar jambe.
  19. Lambene manggis karengat.
  20. Lambehane mblarak sempal.
  21. Lengene nggendhewa pinenthang.
  22. Mripate blalak-blalak.
  23. Mripate liyep lindri.
  24. Pakulitane ngulit langsep.
  25. Pamulune bengle kairis.
  26. Pamulune prada binabar.
  27. Pawakane sedhet singset.
  28. Pipine nduren sajuring.
  29. Polatane ruruh jatmika.
  30. Praene ndamar kanginan.
  31. Pundake nraju mas.
  32. Rambute ngandhan-andhan.
  33. Rambute ngembang bakung.
  34. Sinome micis wutah.
  35. Sinome mbibis mabur.
  36. Susune nyengkir gadhing.
  37. Swarane ngombak banyu.
  38. Ulate ndamar kanginan.
  39. Untune miji timun.
  40. wange nyangkal putung.
  41. Wentise mukang gangsir.
  42. Kulite kuning nemu giring.
  43. Alise wulan tumanggal.
  44. Mripate ndamar kanginan.