Candraning Wong Nesu
Sing lumrahe dicandra kaya kahananing manungsa:
- Talingan lir sinebit = kupinge kaya disebit/disampluk.
- Netra andhik angatirah = mripat mencereng abang.
- Imba tepung lir kupu tarung = alise jengkerut gathuk kiwa tengen.
- Idep mengada-ada = idepe kedhep nrithil.
- Waja gathik = untu nggeget-nggeget.
- Kumedhot padoning lathi.
Miturut Drs. R. S. Subalidinata ing bukune "Kawruh Kasustraan Jawa", panyandra yaiku unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Tetandhingan iku lumereg marang kaendahan. Kang dicandra bab becike lan mangku ngelem kaendahane.