Carane Gawe Parafrase Geguritan
Parafrase yaiku njlentrehake tembung-tembung utawa ukara-ukara sing ana ing geguritan nganggo tembung liya utawa ukara liya sing luwih gampang dimengerteni tanpa ngowahi surasa geguritan.
Carane gawe parafrase yaiku:
Carane gawe parafrase yaiku:
- Wacanen geguritan sing arep digawe parafrase kanthi premati supaya kowe mangerteni isi lan karepe geguritan mau.
- Golekana tembung sing durung komengerteni tegese, banjur jumbuhna karo karepe ana ing ukara geguritan!
- Tambahna tembung-tembung sing korasa nanging sejatine koanggep kudu ana ing ukara geguritan. Kanthi nambahi tembung kuwi mau, tegese ukara-ukara ing geguritan dadi luwih cetha lan luwih gampang dimengerteni.
- Tulisen isi geguritan sing wis kotegesi lan kotambahi mau nganggo ukaramu dhewe tanpa ngowahi teges geguritan asli.