Carane Gawe Ringkesan Wacan
Carane gawe ringkesan wacan yaiku ing ngisor iki.
- Maca kanthi setiti wacan sing arep diringkes.
- Nulis urutane isi wacan.
- Ngurangi tulisan urutane isi wacan sing ora penting. Coreten perangan sing perlu.
- Urutan isi wacan sing wis kowe gawe mau, rakiten sing luwes. Tulisen maneh nganggo basa sing wutuh nanging cekak bae! Tulisanmu kuwi wis dadi ringkesan wacan.