Carane nggawe dolanan wayang saka godhong pohung
Bahan:
- Godhong pohung cacah telu
- Sada sak ler
Piranti: pisau (lading) kanggo nyisih sada
Carane nggawe:
- Godhong pohung diilangi lembarane, dingengehake siji utawa rong lembar, kanggo rambut.
- Godhong pohung sing loro diilangi lembarane kabeh, banjur dicoklek nanging ora nganti pothol kanggo nggawe tangan.
- Godhong sing angka siji ditancepi sada cedhak.
- Godhong sing kanggo tangan ditancepake panggonan bongkote.
- Bubar kuwi tangan diwenehi sada kanggo garan mayang.