Ciri-cirine geguritan gagrag lawas lan anyar

Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) iku duweni paugeran:
  • Cacahing gatra/larik/baris saben sapada ora ajeg, saora-orane ana patang gatra.
  • Cacahing wanda/suku kata saben gatrane ajeg, adat saben ana wolung wanda.
  • Tibaning swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara.
  • Diwiwiti nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
  • Lumrahe isi piwulang: upamane piwulang bab tata krama.
Dene, geguritan gagrag anyar (modern) duweni titikan:
  • Basane kalebu basa endah, dudu bisa padinan.
  • Pilihan tembung (diksi) lan isine mentes banget.
  • Tibaning swara utawa persajakan bebas.
  • Nganggo lelewaning basa/gaya bahasa.