Home
/
Contoh Cangkriman Pepindhan
Contoh Cangkriman Pepindhan
- Abang-abang dudu kidang, persegi dudu pipisan = batu bata.
- Ana titah duwe gulu tanpa sirah, suwe silit, nanging ora tau bebuwang = botol.
- Bapak demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk = bunga (jantung) pisang.
- Bocah cilik blusak-blusuk ning kebon = jarum.
- Bocah cilik nggendong omah = siput.
- Dicokot bongkote sing kalong pucuke = rokok.
- Dijupuk malah dadi mundhak gedhe = wong nggali luwang.
- Duwe rambut ora duwe ndhas = jagung.
- Diketok malah tambah dhuwur = katok ndawa.
- Emboke dielus-elus anake diidhak-idhak = ondo pring.
- Emboke wuda anake tapihan = pring lan rebung.
- Ing ngisor kedhung ing dhuwur payung = wong adhang sego.
- Kayu mati ginubed ula mati = gangsingan.
- Kebo bule dicancang merang = panganan buntil.
- Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong = kates.
- Rasane padha karo jenenge = sepet.
- Sawah rong kedhok galengane mung sitok = daun pisang.
- Tibane ngisor digoleki ndhuwur = genteng bocor.
- Wit adhikih woh adakhah = woh semangka lan wit beringin.
- Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo = gudel.
- Yen mlaku sikile loro, yen mandheg sikile sepuluh = wong dodol sate.