Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Cangkriman Plesetan

1. Ana kewan mapane ing alas. Saben wong mesti wedi. Bareng digendhong dening manungsa, kewan iku ora medeni maneh, lan ora nyokot manungsa. Apa arane kewan iku? celengan.

2. Ana piranti sabane ing pawon. Bareng ketiban cecak bisa mabur. Apa iku? Kalo.

3. Bosok malah enak. Jawab : tape.

4. Dideleng gampang, dicekel angel. Jawab: srengenge.

5. Dipedhanga, dimriyema, dibedhila ora mati nanging yen dicegati mati. Jawab: banyu.

6. Ing sadhuwuring lawang ana cecak. Yen cecak iku lunga, lawang iku dadi kewan kang bisa mabur. Apa arane kewan iku? Yaiku lawa.

7. Lawa telu kalong loro ana pira? Jawabnya lima.