Contoh Cangkriman Tembang Pocung
Contone cangkriman tembang macapat pocung:
Bapak pocung cangkemu marep mandhuwur; Sabane ing sendhang; Pencokane lambung kering; Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya. (Jawaban: klenthing)
Bapak pocung dudu watu dudu gunung; Sangkamu ing sabrang; Ngoningone sang Bupati; Yen lumampah si pocung lembehan grana; (Jawaban: gajah)
Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung; Dawa kaya ula; Pencokanmu wesi miring; Sing disaba si pocung mung turut kutha; (Jawaban: sepur)
Namung tutuk; lan netra kalih kadulu; Yen pinet kang karya; Sinuduk netrane kalih; Yeku saratira bangkit ngemah-ngemah; (Jawaban: gunting)