-->
Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Cangkriman Wancahan

  1. Burnas kopen: bubur panas kokopen
  2. Buta buri: tebu ditata mlebu lori.
  3. Gerbong tulis: pager kobong watune mendhelis.
  4. Gowang pelot: jagone ana lawang cempene mencolot.
  5. Itik pertis ibu perbeng ijah perlong : tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng, tai gajah memper golong.
  6. Kablak ketan: nangka tiba ning suketan.
  7. Kicak ketan : kaki macak iket-iketan.
  8. Langdikum ditasbir : lulang dikum dientas njebibir.
  9. Ling cik tu tu ling ling yu : maling mancik watu, watu nggoling maling mlayu.
  10. Manuk biru : pamane punuk bibine kuru.
  11. Nituk lersure : nini ngantuk diseler susure.
  12. Pak boletus : tapak kebo ana lelene satus.
  13. Pak bomba pak lawa pak piut : tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut.
  14. Pindhang kileng : sapi ning kandhang kaki mentheleng.
  15. Pindhang kutut : sapi mblandhang lukune katut.
  16. Pothel kidi : tompo cemanthel kaki wedi.
  17. Rangsinyu muksitu : jurang isi banyu, gumuk isi watu.
  18. Segara beldhes : segane pera sambele pedhes.
  19. Suru bregitu : asu turu dibregi watu.
  20. Surles penen : susur teles pepenen.
  21. Tuwan sinyo : untu kedawan gusi menyonyo.
  22. Tuwok rawan : untune krowok larane ora karuwan.
  23. Wit tho yung : yen dijiwit ati biyung.
  24. Wiwawite lesbadhonge : uwi dawa wite tales amba godhonge.
  25. Wiwawite lesbadhonge jatos empuk  : uwi dawa wite tales amba godhonge jati atos pelem empuk.
  26. Wiwawite lesbadhonge karwapake : uwi dawa wite tales amba godhonge cikar dawa tipake.
  27. Yu mahe rong, lut mahe ndhut : yuyu omahe ngerong, welut omahe lendhut.