Skip to content
Contoh Parikan
- Sepet-sepet, sawone mentah = Diempet-empat, selak ora betah.
- Wedang bubuk, gula jawa = yen kepethuk, ati lega.
- Wajik klethik, gula abang = aja suthik, yen tumandhang.
- Kembang jagung, dipethik cina = barang wis kadhung, dikapakna.
- Godhong kecipir, mrambat kawat = sanajan gak mampir, nanging liwat.
- Manuk kutut, manggunge nggantet = yen ra nurut, bisa keblinger.
- Manuk emprit, menclok godhong tebu = dadi murid, sing sregep sinau.
- Yen kembang kembange lamtara, dudu kembang wora-wari = mumpung sira isih muda, sing taberi ngati-ati.
- Awan-awan aja keluyuran, ana pak mantri numpak sekuter = kapan-kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter.
- Yen kembang kembange kacang, dudu kembange puspa nyidra = sing cilik dikudang-kudang, bareng gedhe gawe rekasa.
- Esuk nembang sore nembang, tembange asmaradhana = esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka-teka.
- Nggawa takir isi gule, mangan kupat lawuh babat = aja mikir awake dhewe, delengen rakyat kang mlarat.
- Jam papat wis nyumet kompor, nyumet kompor masak sarapan = dadi pejabat ja, dadi koruptor golek suapan.
- Kursi goyang sikile papat = nek berjuang ja golek pangkat.
- Numpak dhelman nang betawi = nek berjuang kudu wani mati.
- Dalan sepur dilumpati = pengin makmur ja korupsi.
- Gemak lontheng-lontheng = krasa penak ndengkang-ndengkeng.
- Kicak jenang jahe = penak meneng wae.
- Susur mbako enak = turu kasur nggawe anak.
- Kodhok kalung kupat = awak boyok ora kuwat.
- Enteng-enteng omah rayap = nangis ngereng njaluk ijab.
- Dalan sepur dilumpati = ajur mumur dilakoni.
- Walang kekek menclok ning tenggok, mabur maneh menclok ning pari = aja ngenyek karo wong wedok, yen ditinggal lunga setengah mati.
- Omah gendheng tak saponane = abot entheng tak lakonane
- Walang abang menclok ning kara, walang biru walange putih = bujang maneh ora ngluyura, sing wis nduwe putu wae ra tau mulih.
- Andheng-andheng ana pilingan = aja dipandeng mundhak kelingan.
- Walang ireng mabur mbrengengeng walang ireng dawa suthange = yen dha seneng aja mung mandeng, golekana endi omahe.
- Bisa nggambang ora bisa nyuling = bisa nyawang ora bisa nyandhing.
- Mikul suket dientul-entul = senenge banget nanging ora bisa kumpul.
- Theklek kecemplung kalen = timbang golek luwung balen.
- Abang-abang ora legi = tiwas magang ora dadi.
- Andheng-andheng ngisor lambe = tiwas mandeng wis ana sing nduwe.
- Awan-awan tuku brambang = ana prawan klambine abang.
- Wedang bubuk, gula jawa = yen kepethuk atine lega.
- Esuk nyuling sore nyuling, sulinge arek suroboyo = esuk eling sore eling sing dieling ora rumangsa.
- Suwe ora jamu, jamu godhong tela = suwe ora ketemu, ketemu pisan gawe gela.