-->
Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Contoh Pidato Mengeti Dina Proklamasi Kemerdekaan RI

Assalamu'alaikum wr.wb

Ingkang kinurmatan bapak RT 05 RW13. Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha muda ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun gusti ingkang maha kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saged kempal wonten acara punika tansah sehat wal'afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping pitung gangsal tahun.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan. Kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardikaan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah. Mugi-mugi nagari Indonesia saklajengipun langkung sae tinimbang saderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.