Contoh Pidato Pengetan Dinten Kartini

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang dhadat kinurmatan, bapak ibu guru, lan karyawan ingkang kinurmatan, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumonggo kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saha kesarasan dhumateng kita sedaya saengga wonten ing titi wanci punika kula panjenengan sami saged makempal. Wonten papan punika kanthi wilujeng kalis nir sambekala. Kaperanga kula ngaturaken agunging panuwun kagem sedoyo ingkang sampun kersa ngrawuhi pahargyan dinten Kartini punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten ing tanggal 21 april punika inggih tanggal lahiripun Raden Ajeng Kartini. Raden Ajeng Kartini punika salah sawijining kusuma bangsa ingkang memperjuangaken emansipasi wanita saengga kanthi wekdal punika para wanita saged nyambut damel sesarengan priyayi kakung. Pramila saben 21 april bangsa indonesia mengeti minangka dinten kartini.

Pengetan punika ugi kangge atur panuwun dhumateng Raden Ajeng Kartini, awit saking perjuangipun ngantos wekdal para wanita saged nggadahi drajat ingkang sami kaliyan priyayi kakung.

Dhumateng para muda, sumangga sareng-sareng nyengkuyung mbangun nagara ingkang adil, makmur lan rukun.

Punika ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten, matur nuwun.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.