Contoh Pidato Pengetan Maulud Nabi Muhammad Saw

Assalamu'alaikum Wr. Wb

Bapak-bapak, Ibu-ibu, sedherek-dherek kaum muslimin wal muslimat ingkang kinurmatan. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken puja kaliyan puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan saenggakita saged makempal wonten ing Masjid Nurul Hudha mriki, saperlu ngawontenaken pengetan miyosipun Nabi junjungan kita inggih punika Nabi Muhammad SAW. Ingkang tansah kita entosi syafaatipun ing dinten yaumil qiyamat mangke.

Ing dalu punika tanggal 17 Februari 2019, utawi tanggal 12 Rabiul awal 1439, sadaya umat Islam kabikak manahipun, kadhodog jiwanipun, kagugah badanipun, saperlu ngaji lan mengerti miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, utawi ingkang limrah dipunsebat Maulid Nabi Muhammad SAW.

Kula minangka ketua panitia pengetan Maulid Nabi SAW ing Masjid Nurul Hudha mriki, ngaturaken sugeng rawuh dhuwateng jamaah sedaya. Ingkang sampun nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan ing dalu punika. Mugi pikantuk syafa'at kanjeng Nabi, lan Gusti Allah SWT tansah ngluberaken rahmat saha hidayahipun dhumateng sedaya kaliyan paring ganjaran swarga kangge gesah kita wonten ing alam akhirat mangke.

Wondene inti saking pengetahan maing Maulid nabi saw ing dalu punika badhe dipunwedharaken dening Bapak Kyai Haii Widodo saking semarang.

Kula kinten menggah atur pambuka punika kula cekapi semanten kemawonsalajengipun pengetan maulid nabi saw ing dalu punika sumangga kita bikak kanthi waosan "basmalah" bismillahirrahmanir rahim"

Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamu'alaikum Wr Wb.