Contoh Pidato Singkat Basa Jawa Porsenitas
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Nuwun, Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Guru karyawan ingkang kula kurmati. Para kanca ingkang tansa kula tresnani.
Mangga sesarengan kita ngaturaken puja puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT awit saking rahmat saha barokahipun, kita saged makempal nindakaken adicara pembukaan lomba porsenitas menika kathi wilujeng nir ing sambekala. Ngantos dumugi paripurnaning acar porsenitas, sageda lumampah kanthi sae, nggayuh lan mekaraken prestasi, tetandhingan kanti jujur lan sportif.
Kula minangka wakil osis ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru kepala sekolah, Bapak/Ibu guru lan karyawan ingkang sampun ndherek nyengkuyungipun bapak/ibu, saengga lomba porsenitas menika saged kalampahan lan samangke saged lumampah mboten wonten alangan satunggal menapa.
Perlu kawuningan bilih porsenitas menika meningka salah satunggaling sarana kangge mekaraken hobi lan bakatipun para siswa wonten ing babagan seni, olahraga lan keterampilan. Tuladhanipun hobi utawi bakat babagan nembang macapat, maos geguritan, ndamel kaligrafi aksara jawi, nyanyi, nggambar, olahraga basket, tenis meja, voli lan sanes-sanesipun. Pramila dhumateng para siswa sumangga ing porsenitas menika sageda mujudaken hobi utawi bakatipun.
Ingkang menawi utawa dados juwara samangke sampun lajer pamer, gumedhe lajeng rumaos paling pinter tinimbang kanca sanesipun. Dene ingkang kalah ampun ngantos rumaos sakit ing manah, saengga lajeng mboten gadhah semangat kangge majeng tetandhingan malih.
Kula kinten cekap semanten atur kula, menawi wonten kalenggahanipun anggen kula matur, saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pepunten. Dhumateng para kanca kula aturaken sugeng tetandhingan, sugeng nggayuh prestasi, lan matur nuwun, awit kawigatosipun, suwun.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.