Contoh Wangsalan

  1. Njanur gunung, kadingaren dolan mrene. Njanur gunung tegese aren.
  2. Ngrokok cendhak, bocah cilik ora keno neges-neges. Ngrokok cendhak tegese tegesan.
  3. Njenang gula lho, aja lali. Njenang gula tegese glali.
  4. Nggodong garing, esuk-esuk wis nglaras. Nggodong garing tegese klaras.
  5. Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti. Balung klapa tegese bathok.
  6. Balung geni, mbok menawa aku ora bisa. Balung geni tegese mawa.
  7. Balung janur, sida lunga apa ora. Balung janur tegese sada.
  8. Balung pakel, aja seneng alok-alok. Balung pakel tegese pelok.
  9. Balung klapa, ethok-ethokan wae. Balung klapa tegese bathok.
  10. Balung jagung, punika sampun dados tanggel jawab kulo. Balung jagung tegese janggel.
  11. Nyaron bumbung, nganti cengklungan olehku ngenteni. Saron bumbung tegese angklung.
  12. Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir. Jangan gori tegese gudheg.
  13. Kendhil dawa, enggal ditandangi. Kendhil dawa tegese dandang.
  14. Putra bebek, kawit wau mung wira-wiri wae. Putra bebek tegese meri.
  15. Mrica kecut, yen mung muni pancen gampang. Mrica kecut tegese wuni.
  16. Sarung jagung, abot entheng tak lakoni. Sarung jagung tegese klobot.
  17. Bocah kok mentil kacang, tansah mbesengut wae. Pentil kacang tegese besengut.
  18. Sekar aren, sampun dangu-dangu. Sekar aren tegese dangu.
  19. Reca kayu, goleka kawruh rahayu. Reca kayu tegese golekan.
  20. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. Roning mlinjo tegese so
  21. Wohing tanjung, becik junjung bapa biyung. Wohing tanjung tegese kecik.
  22. Kapi jarwa, dak pethek mangsa wurunga. Kapi jarwa tegese kethek.
  23. Kukus gantung, dak sawang kok sajake bingung. 
  24. Kembang jambu, kemaruk duwe sepedha anyar.