Gunane Teknik Maca Batin

Teknik maca batin digunakake kanggo nglatih daya eling-eling lan daya panangkepe pikiran kanggo pemahaman informasi sing diwaca. Ana ing teknik maca batin, lambe lan swara ora makarya, mung ngandelake mripat lan pikiran. Dadi lambe ora oleh umik-umik lan nyuwara, tangan utawa driji ora entuk nudhingi. Semono uga sirah ora entuk obah melu arahe wacan. Maca batin beda karo maca teknik. Cara maca batin luwih nengenake utawa ndhisikake pemahaman utawa pangerten bab isine wacan. Ancase maca batin yaiku kanggo ngerteni isine wacan.