Ing Ngendi Kasatriyane Raden Puntadewa
Kasatriyane Raden Puntadewa ing negara Indra Prastha Amarta. Antaka Putra, ya Batana Kawarsa. Negara Ngamarta tetekan jejeg adiling dhendha, pepayung, pepakem hastabrata, mila para kawula ing negara Amarta padha sih-sinisihan marang sapadha-padha. Rukun manunggal kawulane golong-gumolong runtut pranataning praja.