| 1. | Algojo | Tukang midana pati |
| 2. | Babu | Rewange bale somah |
| 3. | Bajag | Wong sing gaweane mbegal ing segara |
| 4. | Bakul | Wong sing gaweyane dodolan |
| 5. | Batur | Wong sing gaweyane dikongkon. |
| 6. | Begal | Wong sing gaweyane ngrebut barang |
| 7. | Bendung | Wong sing gaweane mbendung banyu |
| 8. | Blandhong | Tukang negor kayu |
| 9. | Blantik | Bakul kewan raja kaya |
| 10. | Buruh | Wong sing nyambut gawe kasar |
| 11. | Cantrik | Abdine pandhita ngiras dadi muride |
| 12. | Carik | Juru tulis ing kelurahan |
| 13. | Dhalang | Wong sing gaweane nglakokake wayang |
| 14. | Dhokter | Tukang nambani wong lara. |
| 15. | Emban | Tukang momong bocak |
| 16. | Empu | Tukang gawe keris |
| 17. | Gamel | Tukang ngopeni jaran |
| 18. | Gandhek | Utusan ratu |
| 19. | Gemblak | Tukang gawe barang saka kuningan |
| 20. | Gerji | Tukang domdom klambi |
| 21. | Germa | Tukang buru kewan ing alas |
| 22. | Guru | Wong sing gawene mulang |
| 23. | Jagal | Tukang mbeleh rajakaya |
| 24. | Jlagra | Tukang natah watu |
| 25. | Juragan | Lurahe pakaryan |
| 26. | Juru basa | Tukang negesi basa manca |
| 27. | Juru dang | Tukang adang |
| 28. | Juru kunci | Tukang ngrumat pasareyan utawa kramat |
| 29. | Juru tambang | Tukang prau utawa gethek ing kali |
| 30. | Juru silem | Tukang sing gaweane nyilem |
| 31. | Juru sungging | Tukang sing pinter nyungging |
| 32. | Juru terbang | Wong sing gaweane nglakokake montor mabur |
| 33. | Juru tulis | Wong sing gaweane nulis |
| 34. | Kemasan | Tukang gawe dandanan saka emas |
| 35. | Koki | Tukang olah-olah |
| 36. | Kondhektur | Tukang nariki lan mriksa karcis |
| 37. | Kundhi | Tukang gawe gerabah |
| 38. | Kusir | Tukang nglakokake dokar utawa kreta |
| 39. | Kyai | Wong sing pinter agama islam |
| 40. | Madhaharan | Juru olah-olah |
| 41. | Malang | Pulisi desa |
| 42. | Mandhor | Tukang ngawasi buruh |
| 43. | Masinis | Tukang nglakokake sepur |
| 44. | Merbot | Punggawa mesjid |
| 45. | Molang | Bakul rajakaya |
| 46. | Montir | Tukang ndandani mesin |
| 47. | Mranggi | Tukang gawe wrangka |
| 48. | Niyaga | Tukang nabuh gamelan |
| 49. | Pakathik | Tukang nuntun jaran |
| 50. | Pacalang | Prajurit sing gaweane ngulatake lakune musuh |
| 51. | Palara-lara | Para nyai cilik |
| 52. | Palayangan | Tukang ngeterke layang |
| 53. | Pandhe | Tukang gawe barang saka wesi |
| 54. | Panegar | Tukang ngajari jaran |
| 55. | Panjak | Tukang ngladheni pandhe |
| 56. | Pangobeng | Wong mburuh bathik |
| 57. | Para | Bakul mas inten |
| 58. | Parekan | Para nyai sing ketengen |
| 59. | Pasindhen | Wong sing nyindheni gamelan |
| 60. | Pawongan | Batur wadon |
| 61. | Prajurit | Wong sing gaweane bela negara |
| 62. | Pramugari | Tukang ngladeni penumpang pesawat |
| 63. | Pujangga | Ahli sastra, tukang ngarang |
| 64. | Sarawedi | Tukang adol utawa nggosok barleyan/inten |
| 65. | Sayang | Tukang gawe barang saka tembaga |
| 66. | Sekater | Tukang naksir rega gadhen |
| 67. | Sinoman | Nom-noman tukang laden |
| 68. | Srati | Tukang ngrumat gajah |
| 69. | Sedagar | Wong dagang gedhe |
| 70. | Supir | Tukang nglakokake montor |
| 71. | Undhagi | Tukang kayu |