Jinise Tembung Andhahan Imbuhan Basa Jawa
Tembung andhahan utawa kata jadian yaiku tembung sing wus owah saka linggane amarga kawuwuhi imbuhan (tembung lingga kang wis dirimbag). Pangrimbage tembung lingga dadi tembung andhahan iku kanthi muwuhake imbuhan ing ngarep, buri utawa tengahe tembung lingga. Imbuhan basa jawa wujude ana papat, yaiku:
- 1. Ater-ater
Iku imbuhan kang dununge ing kiwaning tembung. Ater-ater basa jawa yaiku ater-ater anuswara (m-, n-, g-, ny-), ater-ater a-, ka-, di, sa, pa, pi, pri, pra, tar, kuma, kami, kapi.
- 2. Seselan
Utawa sisipan yaiku imbuhan kang kadunungake ing tengah tembung. Seselan basa jawa cacahe ana papat, yaiku -um, -in, -er, -el.
- 3. Panambang
Utawa akhiran (sufiks) yaiku imbuhan sing dumunung ing mburi tembung. Panulise kudu sumambung rapet karo tembung kang ana ing sisih kiwane lan ora ana kena kapisah. Panambang ing basa jawa kayata -i, -e, -a, -en, -an, -na, -ana, -ane, -ke.
- 4. Imbuhan Bebarengan
Iku imbuhan kang awujud ater-ater lan panambang kang kawuwuhake ing tembung lingga bebarengan.