Jinise Unggah-Ungguh Basa Jawa

Unggah-ungguh basa jawa kaperang dadi 5, yaiku:

1. Basa ngoko, yaiku perangan basa jawa kanggo guneman marang wong sapadha-padha.

2. Basa madya, yaiku basa ing antarane basa ngoko lan krama. Wujude basa madya yaiku tembung madya kaworan ngoko utawa krama. Basa madya ngoko biyasane isih digawe dening wong ing desa lan pegunungan.

3. Basa krama, yaiku perangan basa jawa kanggo guneman marang wong luwih tuwa.

4. Basa kedhaton yaiku basa kang kanggone mung ana kedhaton. Kanggo tumprap para sentana lan abdining ratu ing wektu seba ing ngarsaning ratu.

5. Basa kasar, yaiku digunake rakyat saben dina miturut basa sing kasar, biyasane kanggo wong sing ora tau unggah-ungguh basa.