Kagiyatan Sing Kerep Ditindakake Dening Masarakat Sing Ana Sesambungane Karo Urip Bebrayan

Saperangan lan kerep ditindakake dening masarakat, yaiku:
1. Rewang iku mbantu tenaga nalika wong liya duwe gawe mantu, tetakan, lan sapiturute.
2. Jagong iku mara ing omahe wong duwe gawe.
3. Buwuh iku mbantu dhuwit utawa marang wong duwe gawe.
4. Layat iku mara menyang omahe wong kesripahan.
5. Sambatan iku mbantu tenaga ing papane wong dandani omah.
6. Sanya iku padha karo dolan utawa ndayoh omong-omongan silaturrahmi.