Home
/
Tembung-Tembung Kerata Basa
Tembung-Tembung Kerata Basa
- Anak = karep apa-apa kudu ana lan enak.
- Bapak = bap apa-apa pepak.
- Batur = embat-embating tutur.
- Bocah = mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah.
- Brekat = dideleh mak breg terus diangkat.
- Buta = kalbu sing ora ditata.
- Cangkem = yen ora dicancang ora mingkem.
- Cangkir = kanggo nyancang pikir.
- Cengkir = kencenge mikir.
- Dhalang = ngudhal piwulang.
- Denawa = ngedhen hawa ngumbar hawa napsu.
- Desember = gedhe-gedhene sumber.
- Dongeng = dipaido ora mengeng.
- Garwa = sigaraning nyawa.
- Garbu = yen ora mbegar ora iso mlebu.
- Gedhang = saged padhang, digeget bar madhang.
- Gerang = segere wis arang-arang.
- Guru = digugu lan ditiru.
- Gusti = bagusing ati.
- Januari = hujan saben ari.
- Kaji = tekade siji.
- Kathok = diangkat sitok-sitok.
- Kodhok = teka-teka ndodhok.
- Kotang = sikute diutang.
- Krikil = keri ing sikil.
- Kupat = ngaku lepat.
- Kuping = kaku njepiping.
- Kupluk = kaku nyempluk.
- Kursi = yen diungkurake banjur isi.
- Ludruk = gulune gelo-gelo, sikile gedrug-gedrug.
- Maling = njupuk amale wong sing ora eling.
- Mantu = dieman-emani meksa metu.
- Maratuwa = mara-mara ketemu tuwa.
- Nopember = ono sumber.
- Ngelmu = angele yen durung ketemu.
- Oktober = untub-untube sumber.
- Pebruari = yen mepe mburi ari.
- Piring = sepi yen miring.
- Prawan = yen lelungan kudu wayah awan.
- Saru = kasar lan keliru.
- Sejarah = sejan ngarah.
- Sekuter = sambi sendheku mlayu banter.
- Sepuh = sabdane ampuh.
- Setir = senajang singset tetep bisa muntir.
- Simah = isine omah.
- Sinom = isih enom.
- Sirah = isine rah.
- Siti = isine bulu bekti.
- Sopir = yen ngaso mampir.
- Sruwal = saru yen nganti uwal.
- Sulap = yen kesusu bakal ketilap.
- Tandur = nata karo mundur.
- Tapa = tatane kaya wong papa.
- Tarub = ditata supaya katon murub.
- Tayub = ditata supaya katon guyub.
- Tebu = antebe kalbu.
- Tepas = titip napas.
- Tumpeng = tumindak sing lempeng.
- Tuwa = untune wis rowa, ngenteni metune nyawa.
- Ukir = ukurane pikir.
- Wanita = wani ditata.
- Wedhang = dianggo gawe kadhang.
- Wedhus = suwe ora tau adus.
- Weteng = ruwet tur peteng.