Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Macem-Maceme Tembung Camboran Lan Contone

Tembung camboran yaiku loro tembung kang dirangkep dadi siji tembung camboran asline ono patang macem:
  • 1. Tembung Camboran Tunggal
Tembung loro sing bedha tegese, dikanggobarengan, nanging nuwuhake teges anyar.
Contoh: naga sari, semar mendhem, randha royal, plinteng semar.
  • 2. Tembung Camboran Wudhar
Tembung loro sing bedha tegese, dikanggo bebarengan, nanging tegese tetep.
Contoh: meja kursi, pager wesi, pager kayu, sawo mateng.
  • 3. Tembung Camboran Wutuh
Tembung kang anggotane kalebu tembung camboran wudhar karo camboran tunggal.
Contoh: bibit kawit, bapa biyung.
  • 4. Tembung Camboran Tugel
Ana tembung sing diwancah.
Contoh: gedhe cilik (dhelik), bubar kabeh(barbeh), abang ijo (bangjo).