Macem-Maceme Tembung Rangkep Lan Contone
Tembung rangkep yaiku tembung kang wanda utawa linggane karangkep (ditulis utawa diunekake kaping pindho). Tembung rangkep kabedakake dadi telung werna:
- 1. Tembung rangkep dwilingga
a. Dwilingga padha swara
Diarani dwilingga padha swara amarga linggane diucapake ping pindho.
Contone: buku-buku, meja-meja, kursi-kursi, omah-omah.
Contone: buku-buku, meja-meja, kursi-kursi, omah-omah.
b. Dwilingga salin swara
Dwilingga kang swarane wis ganti/malih. Contone: bola-bali, mloya-mlayu, mloka-mlaku, wira-wiri.
c. Dwilingga semu
Uga diarani dwilingga murni, amarga tembung-tembung mau ora ana linggane.
Contone: orong-orong, kupu-kupu, ondhe-ondhe, angga-angga.
Uga diarani dwilingga murni, amarga tembung-tembung mau ora ana linggane.
Contone: orong-orong, kupu-kupu, ondhe-ondhe, angga-angga.
- 2. Tembung rangkep dwipurwa
Yaiku tembung kang dirangkep wanda ana ing ngarep dhewe.
Contone: leluhur, tetamba, tetuku, jejamu.
- 3. Tembung rangkep dwiwasana
Yaiku tembung kang dirangkep wanda ana ing mburi dhewe.
Contone: cekikik, cengenges, cethethet.