-->
Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Munggah Kabiasane Awak

1. Awake = seger, aras-arasen, greges, ndredheg.
2. Atine = sumendhal, mangkel, ayem, gragapan, dheg-dhegan, anyel, giris.
3. Boyoke = jimpe, pegel, linu,
4. Bathuke = anget, adhem, sumer, cenat-cenut.
5. Cangkeme = clongopan, glagepan, klangopan, pringisan, mecucu, lumpangen, nyomak-nyamik
6. Dlamakane = pedhes.
7. Dhadhane = ampeg, ndhrodhog, mengeh-mengeh, sesek, sumpek, cedut-cedut.
8. Gorokane = kesereten, ngorong, pancingen, garing,
9. Gulune = cengeng, gelo-gelo.
10. Githoke = mrindhing, mengkorog. 
11. Getihe = mancur, dleweran, masur-masur.
12. Guyune = cekakan, cekikikan, cengengesan, gergeran, drengesan, mekaka, mesem.
13. Irunge = cengar-cengir, pilek, sentrap-sentrup.
14. Ilate = melet, gomen, kemecer.
15. Kupinge = brebegen, mbengung, mbenging.
16. Kalamenjinge = munggah-medhun, cegukan.
17. Kringete = dleweran, gobyos.
18. Lambene = garing, gomen, klametan, mecep, ngawet, ngintip, kepedhesan.
19. Lakune = banter, akas, rindhik.
20. Luhe = crocosan, dleweran.
21. Mripate = kriyap-kriyip, jelalatan, pendirangan, petpetan, mlolo, mlorok, mlirik, melek, merem, ketos, rembes, plerak-plerok.
22. Playune = kebat, banter, alon, rikat.
23. Pikirane =  bingung, jibeg, sumpeg.
24. Pilingane = cekat-cekot, cenut-cenut.
25. Rambute = krembyahan, mbrondol, rontok.
26. Raine = pucet, sumringah.
27. Sirahe = benjol, benjut, mangut-mangut, manthuk-manthuk, gela-gelo, ngelu, mumet, puyeng.
28. Swarane = sumrenggeng, kemrisik, pating bengok, lirih.
29. Tangane = jowal-jawil, keju, linu, jepapangan, jimpe, gemeter, kranggehan.
30. Tatune = perih, dleweran getih.
31. Tandange = trampil, cekat-ceket, cukat trengginas.
32. Sikile = ngosek, gringgingen, pekakangan, ngethok, kesed, jimpe, cekakaran.
33. Wetenge = kwaregan, krucuk keroncongan, senep, mules, klemekeren, perih, luwe, kembung, suduken.
34. Untune = cekot-cekot, kemeng, gowang.
35. Watuke = jegar-jegor, ngikil, siji-loro, arang-arang.