Pemain, Piranti lan Lagu Iringane Reog Ponorogo
Manawa ditonton mono reog ponorogo iku akeh pemaine. Saklompok iku ana sing dadi pengawal cacahe telu apa papat wong sing nganggo sandhangan ponorogan, minangka pendhamping. Pemain barongan wong siji, jaran kepang wong loro, lan pemain topeng uga wong siji. Penabuh, minangka pengiring.
Kanggo ngiringi, wujude kayata: angklung, ketipung, kendhang, kempul, kenong, kethuk lan terompet. Kabeh mau ditabuh kanggo ngiringi pemaine, kang bisa laras lan cocog karo solah tingkah pemaine.
Lagu-lagune kang nganggo ngiringi akeh warnane, kayata: ijo-ijo, potrojayan, sampak, iring-iring. Pemaine ora ana sing putri, kabeh lanang, kang padha nyandhang nganggo sandhangan adat daerah Ponorogo, yaiku warnane klambi ireng, clana dawa uga ireng, nganggo tali sirah, lan koloran. Pancen reog iku serem temenan saya maneh kabiyantu kanthi ngelmu mistik.