Punakawan Cacahe Ana Sapa Wae
Punakawan iku ana 4 yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Semar iku tuwa lan lemu, ana kuncunge, mripate ciyut. Semar kerep menehi pitutur. Sing cendhek, cilik, mripate mlolo, tangane ceko, sikile pincang jenenge Gareng. Adhine Gareng jenenge Petruk. Dene Bagong iku putrane Semar kang wuragil. Bagong iku lemu mripate bunder.