Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Rantaman Pokok-Pokok Sesorah

Dene rantaman pokok-pokok sesorah, yaiku:
1. Salam pambuka, yaiku ngaturake salam sing sepisanan minangka wiwitane sesorah. Kang prelu dimengerteni, ora ana gunane ngucap salam sawise nyebut para rawuh.
2. Purwakaning atur, yaiku atur panuwun marang para tamu anggone rawuh ing papan kono lan puji syukur marang Gusti.
3. Isi (wigatine atur), yaiku kabeh bab sing prelu diwedharake.
4. Dudutan (simpulan), yaiku pokok saka isi sing diwedharake.
5. Pangajeng-ajeng, yaiku panyuwunan (pangarep-arep) marang sing ngrungokake bab isine sesorah.
6. Panutup, yaiku atur panuwun lan pangapura anggone sesorah.