Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Rantaman Upacara Siraman

Yaiku:
1. Masang Bleketepe lan Tuwuhan
duwe ancas minangka kanggo ngeyupi papan kanggo mantu. Sing masang bleketepe yaiku wong tuwa saka penganten putri kanggo pralambang gotong royong utawa kekalih kang dadi pangayom ing kulawarga. Dene tetuwuhan sing dipasang, yaiku: cengkir gadhing, gedhang ratu sawite, tebu wulung, ronalang-alang, ron kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron waringin. Tetuwuhan iku kanggo pralambang pengarepan supaya penganten kekalih enggal entuk momongan.
2. Ngirim Toya Perwitasari menyang Calon Penganten Priya
yaiku sawise toya 7 sumber dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim menyang omahe calon penganten priya. Sing ngirimake yaiku wakil saka kulawarga sing diarani duta saraya.
3. Sungkeman
Sadurunge siraman, calon penganten sungkem marang wong tuwa kanggo njaluk pangapura lan pangestu anggone arep yasa abalewisma.
4. Dedonga
5. Siraman
Sing nyiram sepisanan yaiku bapak calon penganten banjur ibu penganten lan diterusake para pinisepuh uga kalebu juru paes. Sawise iku, banjur calon penganten wudlu nganggo banyu sing dipancurake saka kendhi dening bapak calon penganten..
6. Pagas Rikma
Sawise siraman banjur diterusake upacara pagas rikma utawa potong rambut. Potongan rikma saka penganten kekalih banjur didadekake siji banjur ditanem ing upacara tanem rikma.
7. Dodol Dhawet
Tata cara siraman iku nganggo dodol dhawet. Iki duwe pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupe penganten suasanane bisa rengeng. Sing dodol dhawet ibune penganten putri, dene bapake mayungi ibune, karo nyeyuwun ing ngarsane Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripe calon penganten bisa sesrawungan karo liya lan seneng dedana. Sing nukoni dhawet yaiku para tamu lan dhuwit kanggo tuku nganggo dhuwit kreweng/wingko (pecahan gendheng). Werdine dodolan dhawet yaiku: wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejege bale wisma, supaya tandhan padha-padha marem ing ati. Werdine dhawet iku arum lan enak rasane, lan bisa ngresiki ganda sawise dhahar, mula tatacara ngombe dhawet iku tiba tatacara kang keri dhewe. Kamangka, werdine dhuwit kreweng iku saka lemah, amarga manungsa iku asale ya saka lemah kang lantaran bapa biyunge, asale saka Allah.
8. Potong Tumpeng Kamulyan
Bapak saka penganten putri motong tumpeng kamulyan banjur diwenehake ibu banjur didulangake penganten putri.
9. Dulangan
Penganten putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang.
10. Kembul Bujana Andrawina
Para tamu dhahar sesarengan.