Tembung-Tembung Rurabasa
1. Adang esuk = adang sega wayah esuk.
2. Adang sega = adang beras supaya dadi sega.
2. Adang sega = adang beras supaya dadi sega.
3. Bakul jangan = wong dodol kaperluane masak.
4. Jaga gerdhu = jaga keamanan manggon ing gerdhu.
5. Mangan awan = mangan sega wayah awan.
6. Mbathik sewek = mbathik mori supaya dadi sewek.
7. Mbuntheli tempe = mbuntheli kedele godhog dicampur ragi supaya dadi tempe.
8. Menek klapa = menek wite klapa.
9. Mikul soto = mikul kwali isine soto.
10. Ndhudhuk sumur = ndhudhuk lemah digawe sumur.
11. Njahit klambi = njahit kain supaya dadi klambi.
12. Negor klopo = negor wit klopo.
13. Neneun sarung = nenun benang supaya dadi kain.
14. Netel jadah = netel ketan mateng supaya dadi jadah.
15. Ngekum landha = ngekum arenge merang supaya dadi landha.
16. Ngenam klasa = ngenom mendhong/pandan supaya dadi klasa.
17. Ngenam kepang = ngenam rambut supaya dadi kepang (rambut klabangan).
18. Ngenam sesek = ngenam silatan pring supaya dadi sesek.
19. Nglinthing rokok = nglinthing rokok karo mbako supaya dadi rokok.
20. Nulis layang = nulisi dluwang/kertas supaya dadi layang.
21. Nunggu manuk = nunggu sawah supaya parine ora dipangan manuk.
22. Tangi turu = melek bar turu.