Sapa abdi kinasihe Raden Ajisaka?
Ing nglembarane Ajisaka tansah dikancani dening abdi loro kinasihe kang Aran Dora lan Sembada.
Ing salah sawijine dina, Ajisaka nilarake Dora ing salah sawijine papan lan nitipake pusakane marang Dora, sedurunge nerusake laku, Raden Ajisaka pesen yen keris kuwi ora oleh diwenehake marang sapa wae kejaba dening Raden Ajisaka langsung. Minangka abdi kang manut marang bendarane, Dora nyaguhi lan janji ora bakal ngewenehake keris kuwi saliyane marang Raden Ajisaka.