Sapa kang ngedak bungkus saengga bungkus dadi pecah?
Bungkus banjur diedak sarosane dening Gajah Sena. Bungkus banjur pecah.
Pecahe bungkus mijil jabang bayi sing wis mepeg dewasa lan wis nganggo ageman komplit. Ponang jabang bayi mau isih terus diedak-edak karo Gajah Sena. Nanging sang jabang bayi ora ora kelaran. Malah sang bayi mau sangsaya katon digdayane.
Ora let suwe, ganti ponang, jabang bayi sing wis mepeg dewasa mau tumandang ngetokake kukune, yaiku kuku pancanaka. Kuku sing dawa tur landhep kuwi dianggo nyuwek-nyuwek sang Gajah Sena. Sanalika Gajah Sena mati. Sukmane Gajah Sena banjur manjing ana ing ragane ponang bayi. Dene bungkuse musna.