Sebutna ancasane pidhato !
Ancasane pidhato ing antarane yaiku:
- Atur pambagyo, yaiku pidhato kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran, tanggap warsa (ulang tahun), pengantenan lan liya-liyane.
- Atur kabar/paring informasi, yaiku pidhato kang aweh kabar/informasi, umpamane acara rapat organisasi, promosi barang lan sapiturute.
- Atur pangajak, yaiku pidhato kang ancase supaya sing mirengake percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake, umpamane pidhato keagamaan.
- Atur panglipur, yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandang susah, umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandang pancobaning urip arupa musibah bencana alam, kepaten lan liya-liyane.
- Atur panyarue/ngemutake, yaiku pidhato kang nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumprap sawenehing ada-ada.