Sebutna jinise pagelaran kethoprak!

Ing ngisor iki jinise pagelaran kethoprak.
1. Kethoprak lesung, mujudake pagelaran kang jangkep lan nganggo crita rakyat nganggo iringan gamelan kayata kendhang, suling, lan lesung.
2. Kethoprak gamelan pendhopo, crita-critane ngemungake crita Babad, dipagelarake nganti seprene. Pagelaran kethoprak iki ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing gedhung/panggung.
3. Kethoprak panggung, iki pagelaran kethoprak ingkang pungkasan yaiku kethoprak kang dipagelarake ana ing panggung kanthi crita campur, awujud crita rakyat, sajarah, babad, uga crita adhaptasi saka swasana kang ana ing sekitar.